Sabtu, 21 Februari 2009

7. Geguritan

Gegurutan kuwi prinsipe pada karo puisi Indonesia modern. Ana geguritan kang sifate peteng (prismatis) ana uga kang asifat padhang (transparan). Kuwi manut angel lan gampange anggone maca nganti mudheng (pemahaman).
Nanging kudu dingerteni yen prinsip nulis geguritan kuwi ya ora beda karo nulis karya sastra liyane, kayata prosa. Kudu disiyagakae saka ngarep: (1) gagasan apa kang arep diwedharake (tema lan amanat), (2) terus ditata nganggo alur sing runtut, dadi ora mencolot mrana mrene, (3)dilakoke nganggo tokoh sapa, aku lirik apa wong liya (aku lirik ora kudu pada karo aku penulis), (4) sukur ana pidakane setting wektu lan panggunan sing cetha, (5)terus disimpen ing gaya bunyi, gaya kata, gaya kalimat, lan majas kayadene metafora lan personifikasi. Sing banget mbedakake antarane geguritan lan prosa, punjere mung ana ing tembung SINIMPEN, tegese ora blaka.

Bonari Nabonenar:

G U R I T
gurit mung papan kanggo istirah
kayadene gubug cilik
ing tengah sawah ing antarane kemreceke manuk emprit ngonceki gabah

gurit mung papan kanggo istirah
kanggo sayah apa kanggo kang makarya wegah

gurit mung papan kanggo istirah
kayadene gubug cilik ing tengah sawah
ramerame mbakar jagung nyadhong wangsit
gendhakan dhedhemitan
gendhakan karo dhemit
dhemit gendhakan
ing gubug cilik ing tengah sawah

gurit mung papan kanggo istirah
tembungtembug ukaraukara padha sayah
sawise dirodhapeksa diajak nyebarake dora
apuskrama lan pitenah

gurit mung papan kanggo istirah

17 januari 1988







RAMA SHINTA
Uripna uripe damar ing telenging jiwa
Shinta, jalaran aku asipat langit
Lan sliramu iku critane bumi
Awan lan wengi pinesthi
Manunggal ing donya langit
Ngrukti wiji wijiling rasa

Katresnan ora bakal pinisah
Samodra bawera lan alas gung
Shinta, dheweke mardika
Menyang endi kudu tumiba
Kaya lumepase warastra
Ngaras akasa

Dening: Widodo Basuki
Meditasi Alang- Alang, Kumpulan Geguritan 2004


Tugas:
Silakan tulis komentar berupa ulasan dalam bahasa Indonesia tentang nilai estetis satu geguritan yang dimuat di majalah berbahasa Jawa, lengkap dengan teks geguritan, nama pengarang, nama majalah, nomor edisi, dan tanggal terbit.